Lirik Lagu Mercon - Happy Asmara


wes ora perlu mbok getuni uripmu

wes ora perlu kowe nelongso

kabeh mau wes dadi pilihanmu

urip sesandingan karo wong sing mbok tresnani


rasah mbok pikir wong arep ngomong opo

rasah digagas yen lagi bojomu kumat

anggep wae kowe lagi ngerungokne radio rusak

yen entek batune engko lak yo meneng dewe


ojo dipikir nemen-nemen

mbok ladeni kowe melu gendeng

wae, disaw-ng wae

kuwi ngono lagi entek obate


pancen angel rasane

yen lagi diunek-unekne

kuping rasane panas

koyo dientup tawon endas


tak jelaske masalahe

ben adem ora padu wae

namun kowe malah ganas

tambah banter lekmu ngegas


wes tak cubo kowe tak sayang

tapi malah ra ketengeran

pedese sworomu koyo mangan

oseng mercon sak wajan


aku kudu piye ngadepi wong koyo kowe

maju salah, mundur salah, ra ono benere

tak omongi pisan jawabmu ping pirang-pirang

judek rasane atiku yen gagas bojoku


aku ora paham piye karepe awakmu

kabeh tak lakoni tetep salah ning mripatmu

opo aku kudu lungo yen kowe wes ra tresno

aku wes ra kuat ngempet loro jroning dodo


ojo dipikir nemen-nemen, mbok ladeni kowe melu gendeng

wae, disawang wae, kuwi ngono lagi entek obate


pancen angel rasane yen lagi diunek-unekne

kuping rasane panas koyo dientup tawon endas

tak jelaske masalahe ben adem ora padu wae

namun kowe malah ganas, tambah banter lekmu ngegas


wes tak cubo kowe tak sayang, tapi malah ra ketengeran

pedese sworomu koyo mangan oseng mercon sak wajan

wes tak cubo kowe tak sayang, tapi malah ra ketengeran

pedese sworomu koyo mangan oseng mercon sak wajan

Lebih baru Lebih lama