Lirik Lagu Nella Kharisma - Treteg Lembu Peteng



neng kutho tulungagung

dalan iki ngelengke atiku bingung

mikirne tresnamu sing ilang

neng treteg lembu peteng tulungagung



tansah eleng saben aku nyawang

kopi cethe sing wes dadi budayane

lungguh jejer semendhe pundakku

karo ngomong yen kowe tresno aku



neng treteg lembu peteng kowe janji

tresnomu sing gedhe ora bakal lali

nanging nyatane kowe cidro ing janji

marang aku sing tansah setyo ngenteni



treteg lembu peteng iki dadi saksi

tresnomu sing gedhe ora bakal lali

panggungrejo pabrik gulo mojopanggung

kowe cidro janji marang gusti sing agung
Lebih baru Lebih lama